Selasa, 17 Oktober 2017

WALIYULLAH

Waliyullah iku sejatine dudu wong sing dhuwur ngelmu agamane, dudu wong sing sembahyange mempeng nganti bathuke gosong, uga dudu wong sing jenggote dowo lan clanane cingkrang.

Waliyullah iku sejatine wong sing sabakdane takbiratul ihram ngucap :
اِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي ِﷲِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
"saktemene sholatku, ngibadahku, uripku lan patiku muhung kagem Gusti Allah Kang Murbeng Jagad" banjur masrahake jiwa lan ragane marang Pengeran.

Saking pasrahe marang Allah... nganti ora nduwe rasa kuwatir marang uripe babar pisan. Awit yakin karo adil lan kamurahaning Gusti.

Yen rego sembako mundhak, listrik mundak, pajek mundak, akeh teroris, akeh wong geger pada demo... isih marai sira kuwatir, was sumelang, wedi ora iso mangan, wedi rejekine kurang, wedi urip kangelan, sayekti sira durung adrajat waliyullah, senajan dzikir rina wengi nganti lambemu amoh lan sholat jengkang-jengking nganti sikilmu lempoh.

Nanging yen kabeh kahanan donya ora marahi sira ulap, ora marahi sira nratap, tegese sira pancen waline Gusti Allah ing ngalam donya tenan. Senajan sholatmu, pasamu, dzikirmu uga ngamalmu mung sak cukupe, lan bathukmu yo ora ngapal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar